B. Daerah

Pertanyaan

Basa rinengga sak jroning tembang

1 Jawaban

  • A.Pangerten Basa Rinengga

    Basa Rinenga yaiku basa sing dirangkai kanthi cara tembunge digabungkaro tembung liya saenga dadi basa singĀ endah lan nresepake ati.Basa Rinega biasane digawe ana ing acara pedhalangan, pranata cara(sambutan temanten,pengetan taun anyar lsp).Utawa basa rinengga yaiku karangan kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah. Endahing karangan kasawung sarana isi kang narik kawigaten lan nyenengake, sarta basa kang edi peni. Edi penining basa warna-warna, lan katon manawa diucapake. Racikaning basa kang edi peni karana rinengga-rengga lan warna-warna rerengganing basa. Kajaba marga endahing basa, karangan katon endah marga becik pangrakite, laras pangrumpakane. Iku katon ing prakara runtut lan mathis panataning tembung lan ukarane. Endahing karangan marga cocog pamilihing tembung. Upamane, bab anggone migunakake tembung camboran , dasanamaning tembung. Luwih-luwih bab pamilihing tembung lan kridhaning swara ing sajroning ukara. Kadhang kala endahing karangan utawa rumpakan karana mathis pamilihing busananing basa. Upamane, bab pangraciking swara lan pangrakiting tembung. Ing istilah Jawa ana kang ingaran purwakanthi. Istilah purwakanthi cupet banget pangertene, yaiku padha karo kang sinebut ing istilah Indonesia sajak utawa rima.

Pertanyaan Lainnya