B. Daerah

Pertanyaan

dialog bahasa jawa 4 orang tema lingkungan

2 Jawaban

  • Kerja Bakti

    Nalika awan kang panas banget ing desa Sukorukun
    Bu Mela: “ Assalamualaikum, Bu Lurah!”
    Bu Lurah : “ Waalaikum Salam, wonten napa lo niki?”
    Bu Mela: “ Punika lo Bu. Kula badhe matur , menawi benter nyuenget punika amargi global warming lan desa kita niki kekirangan wit. Punapa desa Sukorukun niki mboten nganakaken kerja bakti?”
    Bu Lurah : “ Inggih Bu. Dinten Minggu kula badhe nganakaken kerja bakti. Setuju napa mboten?”
    Bu Mela : “ Wah, kula setuju sanget lo Bu. Pripun supados katah ingkang ndherek kerja bakti siswa – siswa sekolah Sukorukun nggih di punutus ndherek?”
    Bu Lurah :”Inggih”
    Bu Tika : “Assalamualaikum. Wonten punapa niki?”
    Bu Lurah lan Bu Mela : “Waalaikumsalam”
    Bu Lurah : “Niki lo, Bu. Desa kita niki badhe nganakaken kerja bakti. Supados katah ingkang ndherek kerja bakti, siswa-siswa sekolah Sukarukun nggih dipunutus ndherek.”
    Bu Tika : “Dinten napa lo, Bu kerja baaktinipun?”
    Bu Lurah : “Dinten Minggu.”
    Bu Mela : “Cekap semonten nggih Bu Lurah, Bu Tika. Kula nyuwun pamit, kula badhe tindak dateng peken. Assalamualaikum. ”
    Bu Lurah lan Bu Tika :”Waalaikumsalam ”
    Bu Lurah : “Bu Tika, mangga ndherek kula nyaosi warga-warga supados ndherek kerja bakti!”
    Bu Tika : “Nggih, Bu.”


    Nalika Bu Lurah lan Bu Tika ngubengi desa
    Bu Tika:” Lho pripun lo, Bu Nila? Kenging ngebong sampah? ”
    Bu Nila:” Lha pripun to Bu, menawi mboten di bakar?”
    Bu Lurah :” Sampah niku saged di pundadosaken barang – barang ingkang sae.”
    Bu Nila :” Kados pundi caranipun kangge ngolah sampah?”
    Bu Lurah: “ Lha ingkang pirsa caranipun daur ulang. Mangga Bu, kita sedaya dhateng griyanipun Bu Mela.”
    Bu Tika: “ Nggih Bu, kaleh nglajengaken nyirosi warga kampong.”
    Bu Mela: “ Wonten punapa lho Bu, ingkang mlampah sareng – sareng.”
    Bu Lurah: “ Kula badhe tindak dhateng griyanipun pajenengan. Kita sedaya badhe nyuwun pirsa caranipun ngolah sampah.”
    Bu Mela: “ O, sampah niku, saged diolah dados barang – barang ingkang sae. Uga saged di sade.”

    Nalika udan kang dheres banget
    Bu Mela: “ Wah, jawahipun dheres sanget nggih Bu?”
    Bu Nila: “ Inggih Bu,umpami jawahipun mindak dheres, desa Sukorukun niki saged bena lo Bu.”
    Bu Mela: “ Inggih,Bu. Mbenjing sonten kula badhe nanem sekar ing ngajeng griya.”
    Bu Nila: “ Sami,Bu. Supados mboten desa Sukorukun mawon ingkang asri. Nanging griya kula nggih ketingal asri.”

    Seminggu sawise kerja bakti ing desa Sukorukun lan Babatrukun ana udan kang dheres banget rong dina sewengi
    Bu Lurah: “ Wah, alhamdullilah nggih Bu. Desa Sukorukun niki sampun kerja bakti nanem wit – witan uga ngresiki lepen. Umpami jawah ngeten niki insyallah boten saged bena.”
    Bu Tika: “ Bu, cirose desa Babatrukun bena amargi kirang wit lan lepenipun resah.”
    Bu Lurah: “ Oalah, kita sedaya ingkang boten kenging bena kedah maringi sumbangan.”
    Bu Mela: “ Bu, kawula wau sampun maringi sumbangan dhateng desa. Punapa panjenengan sampun maringi sumbangan?”
    Bu Nila: “ Sampun. Wah, kerja bakti dinten minggu nika katah manfaate nggih bu, kerja bakti niku saged nyegah bena.”
    Bu Lurah: “ Inggih Bu, lan kita sedaya niki kedah”
    Bareng: “Rukun Kaleh Alam”
    Bu Tika: “ Mboten Ngrisak Alam”
  • guru:kenopo sampeyan ngelakoni tindakkan iki biim
            lingkungan kudu kita lestarikan,biar tetep apik. yaa jangan                                  buang sampah uga sing bener.
    bima:yaa pak guru.
    lili: tuuuh denger bim.kan aku wis ngelingake.
    hani:dan uga jangan ngerosak tanaman bim

Pertanyaan Lainnya